26.5.12

Event Hardiknas SMK Theresiana Semarang

Pada tanggal 2 Mei kemarin, SMK Theresiana mengadakan sebuah event dalam rangka mennyambut hari Pendidikan. Ada beberapa acara yang diadakan yaitu donor darah, Lomba girlband antar angkatan, Belajar bersama anak-anak jalanan dan berbagi 1000 buku.

Acara itu cukup besar dan akhirnya dapat berjalan lancar. Acara ini juga diliput dari koran Suara Merdeka, Stasiun TVku dan dari Udinus.

Acara ini diawali dengan upacara Hari Pendidikan  bersama oleh SMK Theresiana, SMA Theresiana dan SMP Theresiana. Setelah upacara selesai, semua siswa SMA dan SMP Theresiana kembali ke kelas masing-masing untuk mengikuti pelajaran sedangkan bagi siswa SMK Theresiana masih berkumpul di lapangan karena event Hardiknas akan segera dimulai.

Event ini dibuka dengan penampilan flashmop oleh anak-anak OSIS SMK Theresiana. Kalau yang belom tau flashmop itu apa, flashmop itu semacam tarian bareng-bareng kayak mizone city project gitu hehe. Anak-anak OSIS latian flashmop ini sampai malem banget, kira-kira jam setengah 7 malem. Ini nih fotonya

ini suasana pas latian flashmop di sekolah
 Hari minggu pun kita juga latian di sekolah. Walaupu panas-panas sampai kulit belang-belang kita tetep semangat kok buat latian. Gambar ini suasana sekolah pas hari Minggu, lagi sepi-sepinya nih. Kita latian flashmop di sini..
ini suasana sekolah kita waktu hari minggu :D


Acara peringatan Hardiknas diawali dengan flashmop pengurus OSIS, kemudian lomba girls band,dan donor darah juga. Acara dapat berjalan dengan lancar. Lihat nih ..... :)

 


Ya acara di sekolah bisa berjalan dengan lancar. Rasanya seneng bangeeet tapi capek juga sih hehe. Ini nih foto para OSIS yang lagi istirhat di kelas hehe



Setelah itu seperti rencana semula, kita melanjutkan acara dengan belajar bersama. Belajar bersama ini serru banget. Adik-adiknya pada antusias semua, walaupun ada juga yang bandel sih hehe. Di sini aku belajar bahwa aku harus bersyukur dengan keadaanku. Aku masih bisa sekolah dengan fasilitas yang cukup baik dan mempunyai keluarga yag lebih baik pula :D Here they are....

Setetes embun bagi mereka yang membutuhkan










Akhir cerita Terimakasih Tuhan untuk semua kebaikanMu :) Love You God!

5.5.12

Andum Ilmu Marang Bocah Jalanan


Ini adalah tugas Bahasa Jawa saya yaitu membuat cerkak tentang hari Pendidikan. Cerita ini saya ambil dari pengalaman saya pada saat event hari pendidikan di sekolah kemarin. Tapi tugas ini masih banyak banget kesalahannya. Mohon kritik dan saran :)


            Kanggo mengeti dina Pendidikan sing dipengeti saben tanggal 2 Mei, SMK Theresiana nganaake acara kang apik banget. Acara sing dianakake yaiku donor darah, lomba girl band, sinau bareng bocah-bocah jalanan,lan mbagi-bagi 1000 buku kanggo bocah-bocah jalanan.
            Tamtu kanggo nyiapake acara iki orak gampang. Pengurus OSIS SMK Theresiana kudu adus kringet. Orak kejaba aku, aku uga melu dadi pengurus OSIS, dadi aku uga melu adus kringet supaya acara iki bisa kaselenggarakake kanthi kasil.
            Aku lan kanca-kanca OSIS kerep banget nganakake rapat kanggo mbahas acara iki. Kabeh pengurus OSIS dibagi dadi 4 kelompok kanggo ngurusi acara iki. Aku klebu kelompok sing ngurusi sinau bareng bocah-bocah jalanan.
            Dina Setu, kelompokku entuk tugas. Tugas sing sepisan kanggo kelompokku yaiku nggolek bocah-bocah jalanan kanggo diajak sinau bareng. Sakdurunge, aku mikir “ketoke gampang wes nggolek bocah-bocah jalanan kanggo diajak sinau bareng”. Sakwise rapat, saben anggota kelompokku diwenehi tugas kanggo nggolek informasi bab bocah-bocah jalanan,  yen wes ketemu infone, kudu dilaporke karo ketua kelompokke.
            Dina Senen , kabeh murid SMK Theresiana kelas 10-11 libur amarga kakak-kakak kelas 12 Ujian Nasional. Aku wes duwe tekat yen ing dina libur iki aku arep nggolek info bab bocah-bocah jalanan. Tapi aku bingung arep nggolek bocah-bocah jalanan ning ngendi. Ning cedhak omahku orak ana bocah-bocah jalanan. Yen arep takon-takon ning ndalan, aku wedi yen malah aku sing di“nakali”. Terus aku iseng-iseng wae nggolek info ning internet. Eladalaah, aku maca ana komunitas Rumah Pintar Bangjo Johar. Komunitas kuwi khusus kanggo sinau bocah-bocah jalanan. Langsung wae tak catet alamate.
            Dina selanjute, aku lan kanca-kanca OSIS rapat maneh ing sekolahan, padahal dina kuwi kudune libur. Akeh pengurus OSIS sing teka rapat, sanajan omahe adoh saka sekolahan. Uga ana sing ngekos direwangi nganthi orak bali ning omah supaya melu rapat iki. Ing rapat iki kabeh kudu nglaporke tugas-tugas sing wes dibagi ing rapat wingi.
            “Sugeng Enjang anak-anak!” ngendikane bu Arinm pembimbing OSIS SMKTheresiana. “Sugeng Enjang Bu!” saut bocah-bocah.
“ Bu Arin matur nuwun sanget amarga bocah-bocah sekalian purun rawuh ing sekolahan kanggo rapat sanajan kudune kowe sekalian libur ning omah. Langsung wae rapat iki dimulai. Kelompok sing ngurusi sinau bareng bocah-bocah jalanan sopo sing arep maju ndhisik?” pitakone Bu Arin marang kelompokku.
            Ana salah sijining kancaku sing maju lan ngomong yen dheknen wes telpon marang Balai Kemasyarakatan Semarang lan badan kuwi orak bias mbiyantu amarga wketune sing wes mepet banget garek 2 minggu meneh. Sakwise kuwi aku maju lan ngomongake info sing wes tak catet wingi.
“ Kanca-kanca sedaya,wingi aku wes nggolek-nggolek informasi bab bocah-bocah jalanan saka internet. Aku nemu info yen ana komunitas Rumah Pintar Bangjo Johar. Rumah pintar iku emang kanggo bocah-bocah jalanan sinau bareng.” Omongku ing ngerap kelas.
“Wah,apik kuwi. Opo dhewe rana wae ya?” Tanggepane Lina ketua kelompokku.
“ Lha kuwi panggonane ning ngendi Wulan?”Pitakone kancaku Bella.
“ Rumah Pintar kuwi ana ing daerah Johar.” Wangsulanku.
“ Apik apik apik. Tak tampa sek idemu yo. Apa ana pendapat liyane?” Pitakone Bu Arin.
Terus kancaku sing jenenge Didit nyletuk “Napa rak nggolek ning Satpol PP wae? Biasane kan Satpol PP ngurusi bocah-bocah jalanan ngono kuwi.”
“Wah iyo kuwi, njajal sek awake dhewe njaluk informasi ning Satpol PP” tanggepane Lina, ketua kelompokku.
“ Wah, kabeh idemu apik Cah. Yen ngono mengko bali saka rapat kowe kabeh kudu wes entuk info sing cetha bab bocah-bocah jalanan iki yo? Sanggup kabeh to?” pitakonne Bu Arin.
“Inggih Bu, sanggup!” wangsulane bocah-bocah bebarengan.
Sakbare rapat, aku lan kanca-kancaku langsung mangkat golek info bab bocah-bocah jalanan. Kapisan, dhewe mara ana ing Satpol PP. Ing Satpol PP awake dhewe ora bias entuk informasi apa-apa amarga petugas sing ngurusi bab kuwi lagi metu kantor. Akhire awake dhewe metu saka Satpol PP.
Sakwise saka Satpol PP, awake dhewe menyang panggonan sing wes tak entukke saka internet wingi. Daerah kuwi ana ing daerah Johar. Sakwise dhewe tekan kana, dhewe langsung ngomong-ngomong karo wong sing ngurusi Omah Pintar kuwi.
Bar omong-omong, dhewe nggawe kesepakatan yen dhewe arep nganakake sinau bareng ning kana. Info iki selanjute bakal diomongke ing rapat OSIS. Sakwise saka kana, dhewe mulih menyang omahe dhewe amarga uwis sore. Aku wae tekan omah wes nganthi surup. “Dhuh Gusti, arep nggawe acara sing becik emang kudu rekasa sek nggih.” Batinku.
Ing rapat berikute, kabeh rencana-rencana wes meh mateng. Sing donor darah yowes menyang PMI kanggo njaluk pitulungan supaya gelem nganakake donor darah ing SMK Theresiana, lan PMI uga wes nyanggupi. Genea sing lomba Girl Band,  uga wes ngumumake ing saben kelas. Lan sing 1000 buku uga wes njaluk iuran menyang kelas-kelas kanggo tuku 1000 buku lan pulpen sing arep dibagi-bagi menyang bocah-bocah jalanan.
“Wah, Bu Arin seneng ki yen ngene,kabeh persiapan wes meh mateng. Matur nuwun nggih bocah-bocah. Bu Arin percaya yen awake dhewe bias nganakake acara iki kanthi sukses. Lan moga-moga acara iki bias ndadekake SMK Theresiana saya dikenal karo masarakat saengga saya akeh sing gelem ndaftar ing SMKTheresiana.” Omonge Bu Arin.
“Amin!!” Wangsulane bocah-bocah bebarengan.
“Bu, kula badhe usul saged?” Pitakone Zahra,ketua OSIS
“Wah, nggih saged to. Badhe usul napa mbak Zahra? Wangsulane Bu Arin.
“Kula gadhah ide yen sakderengipun acara punika dimulai, sedaya pengurus OSIS ngadakake flashmop bareng.” Omonge Zahra.
“Flashmop iku apa to?” Pitakone salah sijining bocah.
“Flashmop iku awake dhewe njoged bebarengan kanggo mbukak acara iki. Piye? Setuju rak? Aku wes nduwe lagu lan gerakane. Awake dhewe garek latian wae sing semangat.” Wangsulane Zahra.
“Wah, idemu kuwi apa Zah. Ayo kanca-kanca pada gelemto mesti?” SambungeTius.
“Iyo-iyo gelem!” Wangsulane bocah-bocah
“Yen ngono, piye nek sesuk awake dhewe latian? Bali sekolah wae jam 5 sore?” Pitakone Zahra.
“Oke-oke.” Bocah-bocah pada setuju kabeh.
“Bocah-bocah kabeh, Bu Arin seneng banget amarga kowe kabeh semangat banget nganakake acara iki. Yen ngono ayo saiki ditutup rapat dina iki lan aja lali yen sesuk ana latian flashmop jam 5 sore.” Tanggepane Bu Arin.
“Inggih Bu!” wangsulane bocah-bocah.
Dina esukke, sakwise padha bubaran sekolah, kabeh pengurus OSIS langsung padha kumpul ing lapangan sekolah. Yusi, Dewinta, lan Susi sing klebu kelompok nari ing sekolah ngajari para pengurus OSIS liyane njoged. Kabeh bocah-bocah latian kanthi semangat. Latian dianakake nganthi jam setengah pitu.
“Bocah-bocah sekalian, saiki wes jam setengah pitu, latian dina iki wes cukup banget. Kowe rak yowes padha kesel to? Sesuk yo padha sekolah. Latian dina iki wes cukup apik. Tapi gerakan-gerakanne rada durung kompak. Mulakna sesuk bubar sekolah, jam 5, latian meneh yo? Amarga iki wektune yowes mepet. Bu Arin percaya, yen awake dhewe bisa nampilake flashmop iki kanthi apik lan kompak. Piye Cah? Setuju kabeh to?” Pitakone Bu Arin.
“Inggih Bu!” wangsulane bocah-bocah.
Latian dina kuwi ditutup kanthi doa sing dipimpin dening Bu Arin. Dina esukke, jam 5 sore pas, kabeh bocah-bocah wes padha ngumpul ning lapangan. Sakdurunge latian, Bu Aring ngendika marang bocah-bocah yen iki kuwi wes gladi resik amarga acarane bakal dianakake sesuk esuk yaiku pas tanggal 2 Mei. Bu Arin uga ngendika yen sesuk bakal ana stasiun tv lan media cetak sing bakal ngliput acara hari pendidikan sesuk, mulakna bocah-bocah kudu tampil seapik mungkin.
“Wah, asiik.... aku bakal mlebu tv. Hahaha” omonge salah sijining bocah.
“Wuuuu, ndeso kowe yo! Hahaha” sambunge bocah liyane. Bocah-bocah dadi padha ngguyu ger-geran.
“Yowes, ayok ndang latian ben bar e ora kewengen yo.Semangat!Semangat!” omonge Zahra, ketua OSIS.
Bocah-bocah padha semangat banget anggone latian. Dina iki amarga wes padha apal gerakanne lan wes lumayan kompak, latian dianakake nganthi jam 6 sore. Sakwise latian, bocah- bocahpadha ngrembug klambi sing arep dienggo sesuk. Keputusane,sesuk sing pengurus OSIS nganggo kaos OSIS lan ngisorane nganggo seragam abu-abu. Sakwise ngrembug bab seragam, kabeh padha bali.
Dina esukke yaiku oas tanggal 2 Mei, lapangan SMK Theresiana wes dikebaki aro murid-murid sing arep padha melu upacara pembukaan Hari Pendidikan Nasional. Jam 7 esuk, upacara bendera dimulai. Upacara iki bisa kaselenggarakake kanthi khidmat lan lancar. Upacara bendera bar kira-kira jam 8. Sakwise upacara bendera, murid-murid entuk ngaso lan sinambi ngenteni acara Hari Pendidikan sing arep dimulai jam 9.
Aku lan kanca-kanca OSIS nyiapake kabeh piranti sing arep dienggo ing acara Hari Pendidikan Nasional mengko. Piranti sing disiapake yaiku meja kursi kanggo panitia PMI, nyiapake kasur kanggo donor darah, nyiapake mejakusi kanggo juri girl band,nyiapake sound system, lan liya-liyane.
“Eh, iki kok acarane ora ndang dimulai to? Wes jam 9.10 lho.” Pitakone salah sijining murid.
“Kanca-kanca sedaya, nyuwun ngapura yen acara dina iki mundur mulaine amarga kita ngenteni stasiun tv sing bakal ngliput acara dina iki. Stasiun tv kuwi during teka.” Kandaku marang kanca-kanca kelasku.
Kira-kira jam 9.45 stasiun tv sing dienteni wes teka. Acara langsung dimulai. Acara pembukaan yaiku para pengurus OSIS nampilake flashmop sing wingi wes latian ngathi mbengi. Flashmop bisa ditampilake kanthi lancar tanpa alangan.
“Wah, wulan, flashmop cah-cah OSIS apik banget ya? Dadi pengen melu ki aku” tanggepane Ika kanca kelasku.
“Hehehe iya Ka, latiane wae sampek bengi-bengi og. Eh yowes ya ka, aku tak nyiapke kanggo lomba girl band sek. Eh piye girl band kelas e dhewe?” pitakonku marang Ika.
“Iki kanca-kanca lagi latian ning gedung seng Wul.” Wangsulanne Ika.
“Owalah, yowes,muga-muga menang yo kelase dhewe.” Omongku.
“Iyo Wul. Amin!” balese Ika
Acara lomba girlband dimulai. Kabeh per angkatan nampilake kelompok girl bandne. Girl band iki temane tradisional dadi lagune ana lagu tradisionale. Klambi sing dienggo njoged yo disesuaikake karo temane. Akeh kelompok sing nganggo kebaya jawa. Kabeh kelompok nampilake jejogedan sing apik lan kompak. Tapi uga ana angkatan ing nampilake cah-cah lanang padahal judule wae girl band kok malah lang sing njoged kudune kan wedhok. Tapi rak papa, kuwi gor dienggo lucu-lucunan tok.
Bebarengan lomba girlband uga dianakake donor darah. Donor darah iki dipandhegani dening PMI. Akeh murid-murid sing padha donor darah. Amarga murid-murid padha pengen mbiyantu sesame sing mbutuhake darah.
Sakwise kabeh angkatan nampilake girlbandne, diumumke juara lomba girlbandne yaiku angkatan 10 farmasi lan angkatan 11 farmasi industri.
“Wah, angkatane dhewe kok ora menang yo Wul?” pitakone Tata kanca sakelasku.
“Yo ora papa Ta, sing penting dhewe wes ana usaha. Kapan-kapan yo bisa menang meneh kok.” Wangsulanku.
Sakwise pemenang diumumake kira-kira jam 12, murid-murid padha bubar sekolah. Kejaba bocah-bocah pengurus OSIS ora entuk bali, nanging kudu resik-resik ndhisik. Jam 2 mengko, aku lan kanca-kanca OSIS bakal mara menyang Rumah Pintar Bangjo Johar kanggo sinau baren karo bocah-bocah jalanan. Kabeh persiapan wes mateng. Awake dhewe lagi nyiapake barang-barang sing arep digawa mengko.
Ning Rumah Pintar Bangjo, dhewe arep sinau bareng matematika yaiku bab bangun ruang kayata kubus, balok, lsp. Spektrum warna, bab obat-obatan, nyanyi lan dolanan bareng-bareng. Dhewe uga nganakake tes golongan darah sing dipandhegani karo murid-muriid Analis Kesehatan.
Jam 2 awan, awake dhewe mangkat menyang Rumah Pintar numpak mobil sekolahan. Uga ana beberapa guru sing melu. Tekan panggonane, dhewe nggelas klasa lan ngenteni para adek-adek teka ning balai desa kanggo sinau bareng.
Kira-kira ana 30 bocah teka, melu sinau bareng. Ana sing apikan, manutan, ramah, isinan, galak, uga ana sing mbeling senenge gelut wae.  Tapi awake dhewe tetep bisa mbaur dadi siji. Para adek-adek kuwi seneng banget anggone sianu bareng, opo meneh yen pas nyanyi lan dolanan.
Pelajaran pertama yaiku matematika. Adek-adek diajari bab bangun ruang. Sing ngajari jenenge mbak Atik saka Farmasi Industri. Adek-adek diwenehi jarring-jaring bangun ruang lan nggawe bangun ruang saka kertas sing wes disediakakae.
“Mbak-mbak, iki aku tulung dilemkake mbak” Omonge Iqbal karo aku.
“O iyo dek, sek ya, aku lagi nulngi Tasya ki.” Wangsulanku.
Para adek-adek pada kemriyek anggone nggawe bangun ruang iki. Tapi akhire kabeh padha isa nggawe bangun ruang iki. Pelajaran kapindo yaiku bab spectrum warna, pelajaran iki dipandhegani karo Rebecca saka Farmasi. Ing pelajaran iki, adek-adek diwenehi spectrum cahaya. Spektrum cahaya iku diwenehi tali tengahe lan diputerke, mengko warna-warna kuwi bisa dadi warna putih. Adek-adek uga seneng banget anggone dolanan spectrum cahaya iki nganthi padha rebutan anggone njajal spectrum cahaya.
Sing ketelu, adek-adek diajari bab obat-obatan. Pelajaran iki dipandhegani dening Susi saka Farmasi. Ing pelajaran iki adek-adek diajari yen ning saben kerdus obat kuwi ana lambing-lambange kayata warna abang, ijo, biru,lsp. Saben lambang iku mesti ana artine dhewe-dhewe.
Wektu wes nunjukake jam 5 sore. Kegiyatan sinau bareng kudu wes rampung. Sinau baren iki ditutup kanthin nyanyi bareng lagu Laskar Pelangi lan Jangan Menyerah. Adek-adek padha seneng banget. Acara sinau bareng iki uga diliput karo stasiun tv. Sakwise sinau bareng bar, adek-adek diwenehi jajanan lan ombe.
Sakdurunge bali, para pengurus OSIS uga mbagi buku lan alat tulis. Saben bocah entuk 20 buku lan 20 pulpen. Adek-adek seneng banget lan ngarep-arep supaya dianakake acara kaya iki maneh.
“Dhuh, Gusti, maturnuwun kegiyatan dinten punika saged lancar. Kula uga seneng bisa mbiyantu lan nyenengake para bocah-bocah jalanan. Muga-muga ing dinten pendidikan punika, para adek-adek bisa seneng amarga bisa sinau bareng lan muga-muga para adek-adek bisa ngrasakake pendidikan ing Indonesia kanthi layak kayata murid-murid liyane sanajan dheweke ora mampu mbayar sekolah.” Pangarepanku ing batin.

  
Jangan pandang mereka sebelah mata, karena kita satu dan sama

Labels